Friday, May 8, 2015

Naskah Sesorah Kepala Sekolah, Perpisahan


     Setelah pidato bahasa Indonesia, sekarang kita beralih ke pidato bahasa Jawa \(^.^)/ Pidato bahasa Jawa atau yang disebut dengan sesorah ini biasanya dipakai di acara-acara pernikahan, perpisahan, acara adat, khitan, dan sebagainya. Nah, disini aku mau berbagi contoh teks Sesorah Kepala Sekolah di acara perpisahan kelas X ataupun kelas XII, nih. Langsung aja, ini dia…

      SESORAH KEPALA SEKOLAH WONTEN ING ADICARA PERPISAHAN
Assalamualaikum wr.  wb.
Alhamdulillahirabbil ‘alamin. Rabbisrahlisadri wa yaa sirli amri wahlul ‘ukdatamillisaani yafkohuqouli. Amma ba’du.
Bapak/ibu guru, staf karyawan/karyawati SMAN 1 Wates ingkang kula hormati, bapak/ibu wali murid kelas XII saha para tamu undangan ingkang kula hormati, lan para siswa ingkang kula tresnani. Puji syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsa dalem Allah swt ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, rahmat, sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga wonten ing wekdal menika kita saged pepanggihan saperlu ngawontenaken adicara perpisahan siswa-siswi kelas XII SMAN 1 Wates menika.
Saklajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng bapak/ibu lan para siswa sedaya ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi adicara menika.
Bapak/ibu guru, tamu undangan, saha para siswa, wonten ing pepanggihan menika kula minangka kepala sekolah ngaturaken ndherek bingah bilih para siswa kelas XII wonten ing wekdal menika sampun lulus.
Para siswa ingkang kula tresnani, tigang tahun anggenipun putra-putri sedaya ngudi ilmu wonten ing pawiyatan SMAN 1 Wates menika, temtunipun taksih kathah bab-bab ingkang dereng saged kita aturaken anggenipun kula sakanca anggulawenthah putra-putri sedaya. Ananging kanthi ngelmu ingkang sampun dipun lumunturaken saking sekolah menika saged dados sangu utawi bekel kagem para siswa wonten ing wekdal samangke. Kula minangka kepala sekolah namung ndherek pesen supados njagi kasaenan SMAN 1 Wates wonten ing sadhengah papan, lan supados perpisahan menika boten dadosaken para siswa banjur pedhot kekancan.
Para siswa ingkang kula tresnani, wonten ing wekdal menika temtunipun sedaya siswa sampun mantep anggenipun milih perguruan tinggi ingkang ajeng dipun lebeti. Ibu ndherek dedonga, mugi saged pikantuk menapa ingkang dados pengangen-angen para siswa sedaya.
Dhumateng bapak/ibu wali murid, wonten ing wekdal menika, wonten ing ngarsanipun bapak saha ibu minangka tiyang sepuhipun lare-lare kelas XII, menika putra-putri panjenengan kula  aturaken wangsul gegandhengan kaliyan paripurnaning pasinanon ing SMAN 1 Wates menika. Sampun purna anggen kula sakanca anggulawenthah putra-putri bapak/ibu sedaya. Pengajeng-ajeng kula, bapak/ibu supados tansah anyengkuyung putra-putrinipun saklebetipun wonten ing pasinaon samangke wonten ing perguruan tinggi. Saengga kanthi sesambetan ingkang sae antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra saged dadosaken katentreman anggenipun ingkang putra nglajengaken pendidikan. Saking sekolah sampun ngupadosaken ingkang paling sae. Ananging temtunipun taksih kathah kirangipun. Pramila kula nyuwun agunging pangaksama menawi wonten kekirangan lan kalepatan saklebetipun kula sakanca anggulawenthah putra-putri bapak/ibu sedaya. Lan dhumateng para siswa kula ngaturaken selamat berjuang, mugi-mugi anggen putra-putri nglajengaken pendidikan ing perguruan tinggi samangke dipun paringi kelancaran. Amiin.
Mbok bilih cekap semanten atur kula. Kathah kirang lan lepatipun kula nyuwun pangapunten. Akhiru kalam. Fastabiqul khoirot. Wassalamualaikum wr wb

Sebenernya masih ada yang salah terjemahan bahasa Jawa kramanya. Hayoo…kira-kira yang mana? Hihi. Diperbaiki sendiri ya sembari belajar ;)

No comments:

Post a Comment

Adsaraku